Njebluge merapi saiki Luwih Gedhe !

1

Posted on : 21.24 | By : sutanto prabowo

Njebluge Merapi saiki jarene ahli geologi luwih gedhe tinimbang pirang tahun kepungkur. Malah ana sing kandha yen njebluge merapi saiki njeblug kang paling gedhe ing kisaran 100 tahun.
tahun 2006 wingi, daerah bahaya mung 5-10 kilo. Saiki nganti 20 kilo.
Sing kena awan panas nganti meh 15 kilo adohe saka puncak merapi.

Merapi MBLEDHOOSSS....Meneh...

0

Posted on : 00.21 | By : sutanto prabowo

Rabu, 3 November 2010 Gunung merapi katon adhem, ayem wis leren anggone ngetokke lahar panas lan wedhus gembel. Mula para petani padha bali neng sawahe maneh kanggo ngrabuk tandurane. Sing duwe sapi yo terus ngarit kanggo sapi lan raja kaya liyane.

Dumadakan jam 4 sore...Gunung Merapi njeblug meneh kanthi wedhus gembel ireng uleng-ulengan mumbul ing angkasa. Tumuli mili ing kali gendhol nganti 9 kilo adohe soko pucuk merapi.

Padha mlayu sak bantere, nylametake awake dhewe.....